Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 78:64-72 Kitab Sutji (JAV)

64. para imam padha mati dening pedhang,lan randhane ora padha bisa nangisi.

65. Ing kono Pangeran tumuli wungu, kaya wong kang keturon,kaya prawira kang wus eling saka anggone mendem anggur;

66. mungsuh-mungsuhe padha digebag temah padha mundur,padha kadamel nandhang wirang ing salawase.

67. Panjenengane nampik tarube Yusuf,taler Efraim ora kapilih,

68. nanging kang dipilih taler Yahuda,Gunung Sion kang kinasihan;

69. pasucene banjur dibangun nganti sundhul langit,kaya bumi kang tinalesan langgeng;

70. Panjenengane milih Dawud, abdine,kapundhut saka ing satengahe kandhang-kandhang wedhus;

71. kapundhut saka ing panggonane wedhus-wedhus kang padha nusoni,kapatah ngengon trahe Yakub, umate,iya Banisrael kagungane piyambak.

72. Tumuli iya padha diengon kalawan tulusing galih,sarta padha katuntun kanthi kaprigelaning astane.

maca bab lengkap Jabur 78