Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 78:44-56 Kitab Sutji (JAV)

44. Kali-kaline lan ilen-ilene padha disabdakake dadi getih,temahan banyune ora kena diombe;

45. ndhatengake laler cathak kang mangsa wong-wong mau,lan kodhok-kodhok kang nyirnakake wong-wong mau.

46. Tanem tuwuhe wong Mesir dipakakake marang ama uler,tuwin wohing rekasane marang walang.

47. Wite anggur padha disirnakake sarana udan watu,sarta wite sikmah sarana ebun njendhel.

48. Pepanthaning kewane padha dipasrahake marang udan es,lan rajakayane disamber ing bledheg.

49. Padha didhawahi mulad-mulading bebendune,bramantya, deduka sarta karupekan,apadene malaekat sabregada kang nggawa bilai;

50. Panjenengane ngumbar mulad-mulading bebendune,nyawane padha ora diluwari saka ing pati,nyawane padha diulungake marang pageblug;

51. sakehing anake pembarep wong Mesir padha dipateni,wohing kakuwatane kang kawitan ana ing tarub-tarube Kham;

52. para umat kagungane tumuli padha didhawuhi mangkat kaya wedhus,padha dituntun kaya pepanthan kewan ana ing ara-ara samun;

53. padha dituntun kalawan tentrem, temah ora padha kuwatir,amarga satrune wus padha keblabak ana ing segara;

54. padha diirid menyang ing tanah suci kagunganing Allah,yaiku ing pagunungan iki, kang pinundhut ing astane kang tengen;

55. para bangsa padha ditundhung saka ing ngarepane umat,tanah pusaka iku diedum-edum nganggo tali ukuran,sarta sakehing talere Israel padha didhawuhi ngenggoni tarub-tarube.

56. Nanging Banisrael padha nyoba lan mbalela marang Gusti Allah kang Mahaluhur,sarta ora padha netepi marang pepenget-pepengete;

maca bab lengkap Jabur 78