Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 78:28-42 Kitab Sutji (JAV)

28. padha katibakake ing satengahing tarub-tarube,ing sakubenging papan panggonane mau.

29. Tumuli padha mangan nganti wareg banget;Panjenengane maringi apa kang padha dikarepake.

30. Nalika isih padha rumangsa durung wareg,sarta pangane isih ana ing cangkeme;

31. Gusti Allah banjur duka marang wong-wong iku,gembong-gembonge padha dipateni,lan para nonomane Israel padha disirnakake.

32. Sanadyan mangkono, para leluhur mau iya isih bae anggone padha nglakoni dosa,sarta ora pracaya marang sakehing pakaryane Allah kang ngedab-edabi.

33. Mulane dina-dinane kadamel sirna tanpa tanja,sarta taun-taune padha sirna sajroning pagiris.

34. Bareng padha dipateni banjur padha nakokake marang Panjenengane,padha mratobat sarta padha ngupaya marang Gusti Allah;

35. padha kelingan, yen Gusti Allah iku peparange,lan Gusti Allah Kang Mahaluhur iku dadi Juru Panebuse.

36. Nanging padha ngapusi Panjenengane kalawan cangkemelan nggorohi Panjenengane kalawan ilate.

37. Atine ora mantep marang Panjenengane,lan ora setya marang ing prajanjiane.

38. Tujune Panjenengane iku asipat welasan,karsa ngapura kaluputane lan ora numpes umate;malah kerep ngampah bebendune,sarta ora nggigah dedukane kabeh.

39. Panjenengane karsa ngengeti manawa wong iku kabeh daging,angin kang midid, kang ora bakal bali.

40. Ping pira bae para leluhur mau anggone padha mbalela marang Panjenengane ana ing ara-ara samun,lan anggone padha gawe sekeling galihe ana ing pasamunan!

41. Bola-bali anggone padha nyoba marang Gusti Allah,sarta anggone padha gawe gerahe panggalihing Allah Israel Kang Mahasuci.

42. Padha ora eling marang pagwaose,sarta marang dina nalika padha diluwari saka ing tanganing mungsuh,

maca bab lengkap Jabur 78