Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 78:21-32 Kitab Sutji (JAV)

21. Iku kapiyarsa dening Pangeran Yehuwah, njalari dukane,temahan ana geni kang mubal nempuh bani Yakub,sarta bebendune nempuh Banisrael,

22. awit padha ora pracaya marang Gusti Allah,sarta ora padha kumandel marang pitulungane.

23. Gusti Allah tumuli dhawuh marang mega-mega ing dhuwur,lan mbikak lawang-lawanging langit,

24. umate diudani mana minangka pangane,sarta padha diparingi gandum saka ing langit;

25. saben wong wus mangan roti malaekat;padha dikirimi sangu pangan nganti turah-turah.

26. Pangeran ngididake angin wetan ana ing awang-awanglan nggiring angin kidul kalawan kakiyatane;

27. umate banjur diudani daging kehe kaya bledug,tuwin diudani manuk kang mawa swiwi cacahe kaya wedhining segara;

28. padha katibakake ing satengahing tarub-tarube,ing sakubenging papan panggonane mau.

29. Tumuli padha mangan nganti wareg banget;Panjenengane maringi apa kang padha dikarepake.

30. Nalika isih padha rumangsa durung wareg,sarta pangane isih ana ing cangkeme;

31. Gusti Allah banjur duka marang wong-wong iku,gembong-gembonge padha dipateni,lan para nonomane Israel padha disirnakake.

32. Sanadyan mangkono, para leluhur mau iya isih bae anggone padha nglakoni dosa,sarta ora pracaya marang sakehing pakaryane Allah kang ngedab-edabi.

maca bab lengkap Jabur 78