Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 78:2-11 Kitab Sutji (JAV)

2. Aku arep mbukak cangkemku prelu medharake bebasan,aku arep ngucapake cangkriman jaman kuna,

3. Apa kang wus padha kita rungu, sarta kita sumurupi,lan kang dicritakake dening para leluhur kita marang kita,

4. ora bakal daksidhem tumrap anak-putune;nanging kita bakal nyaritakake marang para turun ing tembepepujian marang Pangeran Yehuwah lan kasantosane,sarta kaelokan-kaelokan kang wus katindakake.

5. Pangeran wus ndhawuhake pepenget marang trahe Rama Yakub,lan angger-anggering Toret marang Banisrael;para leluhur kita padha kadhawuhanngluntakake iku marang para anak putune,

6. supaya disumurupana dening para turune ing sapungkure,supaya anak-putu kang ing tembe bakal padha lair,padha gumregah lan nyaritakake marang anak-anake,

7. supaya padha kumandela marang Gusti Allah,lan aja lali marang sakabehing pakaryane,nanging padha netepana dhawuh-dhawuhe;

8. apadene aja padha kaya para leluhure,kang padha wangkot lan mbalela,jenis kang ora antepantuwin kang nyawane ora setya marang Gusti Allah.

9. Bani Efraim, prajurit panahan kang sikep gegaman ganep,padha mundur nalika dinane perang.

10. Padha ora nggondheli prasetyaning Allahsarta padha emoh lumaku manut ing Torete.

11. Padha lali marang pakaryanelan kaelokan kang katindakake,kang wus dikatingalake marang dheweke kabeh.

maca bab lengkap Jabur 78