Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 78:16-29 Kitab Sutji (JAV)

16. saka ing parang Gusti Allah mijilake kali,grojoging banyune kaya bengawan.

17. Ewadene para leluhur mau ndlarung anggone gawe dosa marang Panjenengane,yaiku anggone mbalela marang Kang Mahaluhur ana ing pasamunan.

18. Malah padha nyoba marang Gusti Allah ing sajroning atineyaiku anggone nyuwun pangan kanggo nguja hawa-napsune.

19. Padha rasanan bab Gusti Allah mangkene:“Allah apa iya kuwasa nyedhiyani pangan ana ing ara-ara samun?

20. Pancen Panjenengane nggebag parang satemah metu banyunelan banjur ana kali-kali kang mili;nanging apa iya kuwaos paring roti,utawa nyawisi daging para umate?”

21. Iku kapiyarsa dening Pangeran Yehuwah, njalari dukane,temahan ana geni kang mubal nempuh bani Yakub,sarta bebendune nempuh Banisrael,

22. awit padha ora pracaya marang Gusti Allah,sarta ora padha kumandel marang pitulungane.

23. Gusti Allah tumuli dhawuh marang mega-mega ing dhuwur,lan mbikak lawang-lawanging langit,

24. umate diudani mana minangka pangane,sarta padha diparingi gandum saka ing langit;

25. saben wong wus mangan roti malaekat;padha dikirimi sangu pangan nganti turah-turah.

26. Pangeran ngididake angin wetan ana ing awang-awanglan nggiring angin kidul kalawan kakiyatane;

27. umate banjur diudani daging kehe kaya bledug,tuwin diudani manuk kang mawa swiwi cacahe kaya wedhining segara;

28. padha katibakake ing satengahing tarub-tarube,ing sakubenging papan panggonane mau.

29. Tumuli padha mangan nganti wareg banget;Panjenengane maringi apa kang padha dikarepake.

maca bab lengkap Jabur 78