Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 77:9-21 Kitab Sutji (JAV)

9. Sih-susetyane apa wus sirna ing sabanjure,prasetyane apa wus tumeka ing pungkasane nganti turun-tumurun?

10. Gusti Allah apa wus kesupen marang ing pangemane,sih-piwelase apa kapunggel marga saka bebendune?” (Selah)

11. Ing kono pangucapku: “Iki kang nuwek atiku,dene astane tengen Kang Mahaluhur wis owah!”

12. Aku bakal ngeling-eling pakaryan-pakaryane Pangeran Yehuwah,inggih, kawula badhe ngengeti kaelokan Paduka kala jaman kina.

13. Kawula badhe nyebut sakathahing pakaryan Paduka,sarta badhe manah dhateng saliring pandamel Paduka.

14. Dhuh Allah, margi Paduka punika suci!Allah ingkang pundi ingkang agung kados Allah kawula sadaya?

15. Paduka punika Gusti Allah ingkang nindakaken kaelokan;Paduka sampun nglairaken pangwaos Paduka wonten ing tengahipun para bangsa.

16. Umat Paduka, tedhak turunipun Rama Yakub tuwin Rama Yusuf,sampun Paduka tebus klayan asta Paduka. (Selah)

17. Dhuh Allah, toya-toya sampun sami ningali Paduka,toya-toya sampun sami ningali Paduka saha sami gumeter,malah samodra agung inggih ndhredheg.

18. Mendhung nggrojogaken toya,gumuruh swaraning mega mawarni-warni,malah jemparing Paduka sami pating clorot.

19. Swaraning gludhug Paduka gumledheg,kilat-kilat sami madhangi jagad,bumi geter saha gonjang-ganjing.

20. Margi Paduka nglangkungi saganten,sarta lurung Paduka nglangkungi nginggiling toya ingkang wiyar,nanging tapak tilas Paduka boten katingal.

21. Paduka sampun ngirid umat Paduka kados nggiring menda apanthan,lumantar Nabi Musa lan Imam Harun.

maca bab lengkap Jabur 77