Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 77:5-17 Kitab Sutji (JAV)

5. Paduka damel mripat kawula tansah kelop-kelop;kawula semplah, temah boten saged wicanten.

6. Kawula manah-manah dhateng lelampahan nalika jaman kina;kawula kengetan taun-taun ingkang sampun kapengker.

7. Ing wanci dalu kawula ngenam-enam salebeting manah,kawula nggagas-nggagas tuwin nyawa kawula nlusur-nlusur:

8. “Pangeran apa iya nampik ing salawase,lan apa ora bakal paring sih-piwelas maneh?

9. Sih-susetyane apa wus sirna ing sabanjure,prasetyane apa wus tumeka ing pungkasane nganti turun-tumurun?

10. Gusti Allah apa wus kesupen marang ing pangemane,sih-piwelase apa kapunggel marga saka bebendune?” (Selah)

11. Ing kono pangucapku: “Iki kang nuwek atiku,dene astane tengen Kang Mahaluhur wis owah!”

12. Aku bakal ngeling-eling pakaryan-pakaryane Pangeran Yehuwah,inggih, kawula badhe ngengeti kaelokan Paduka kala jaman kina.

13. Kawula badhe nyebut sakathahing pakaryan Paduka,sarta badhe manah dhateng saliring pandamel Paduka.

14. Dhuh Allah, margi Paduka punika suci!Allah ingkang pundi ingkang agung kados Allah kawula sadaya?

15. Paduka punika Gusti Allah ingkang nindakaken kaelokan;Paduka sampun nglairaken pangwaos Paduka wonten ing tengahipun para bangsa.

16. Umat Paduka, tedhak turunipun Rama Yakub tuwin Rama Yusuf,sampun Paduka tebus klayan asta Paduka. (Selah)

17. Dhuh Allah, toya-toya sampun sami ningali Paduka,toya-toya sampun sami ningali Paduka saha sami gumeter,malah samodra agung inggih ndhredheg.

maca bab lengkap Jabur 77