Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 76:1-10 Kitab Sutji (JAV)

1. Kanggo lurah pasindhen. Binarung ing swaraning clempung. Masmur anggitane Asaf. Kekidungan.

2. Gusti Allah iku kesuwur ana ing Yahuda,asmane kondhang ana ing Israel!

3. Kemahe wus ana ing Salem,sarta padalemane ana ing Sion!

4. Ana ing kono Pangeran wus mutungi panah kang kumilat,tameng tuwin pedhang sarta piranti perang. (Selah)

5. Gumilaping cahya Paduka punika kamulyanipun ngungkulipareden ingkang wonten wiwit kina makina.

6. Para wong kendel wus padha kajarah-rayah,padha ngantuk angles,para prawira kabeh wus padha kaya koncatan ing kakuwatane.

7. Dhuh Allahipun Rama Yakub, amargi saking bebendu Paduka,kapal saha ingkang numpaki sami katileman.

8. Paduka punika nggegirisi!Sinten ingkang tahan wonten ing ngarsa Padukasamangsa Paduka duka?

9. Paduka ndhawahaken pancasaning pangadilan saking ing langit;bumi ajrih saha kami-tenggengen,

10. nalika Gusti Allah jumeneng ngasta pangadilan,saha ngluwari sakathahipun tiyang ingkang katindhes wonten ing bumi. (Selah)

maca bab lengkap Jabur 76