Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 75:4-9 Kitab Sutji (JAV)

4. Bumi lan sakehing wong saisine padha lebur;Ingsun, iya Ingsun piyambak kang njejegake cagak-cagake.” (Selah)

5. Ingsun ngandika marang para wong gumunggung: “Sira aja padha gumunggung.”Sarta marang para wong duraka: “Sira aja padha masang sungu!

6. Aja padha masang sungunira nganti dhuwur,lan aja calathu kalawan ndegeg!”

7. Sabab kamulyan iku pinangkane ora saka ing wetan utawa saka ing kulon,lan iya ora saka ing pasamunan,

8. nanging Gusti Allah iku kang jumeneng Hakim:nglorod wong kang siji, sarta njunjung sijine.

9. Astane Pangeran nyepeng tuwung isi anggur kang munthuk,kebak campuran bumbu;Panjenengane banjur ngiling saka ing kono;lah ampase bakal disruput lan diombedening sakehing wong duraka ing bumi.

maca bab lengkap Jabur 75