Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 74:14-22 Kitab Sutji (JAV)

14. Paduka ingkang ngremuki endhasipun Lewiyatan-lewiyatan,Paduka pakakaken dhateng sato ing pasamunan.

15. Paduka ingkang mbelah sumber saha lepen;Paduka ingkang ngesataken lepen-lepen ingkang ajeg mili.

16. Rinten punika kagungan Paduka,dalu punika ugi kagungan Paduka,Paduka ingkang mrenahaken pepadhang saha surya.

17. Paduka ingkang netepaken watesipun bumi sadaya,mangsa ketiga kaliyan mangsa rendheng Paduka ingkang ngawontenaken.

18. Paduka mugi karsaa ngengeti punika: mengsah memada, dhuh Yehuwah,bangsa ingkang keblinger punika ngawon-awon asma Paduka.

19. Nyawanipun peksi dara Paduka sampun ngantos Paduka pakakaken dhateng sato galak;Paduka mugi sampun ngantos kelajeng-lajeng kesupen dhateng nyawanipun para tiyang kagungan Paduka,ingkang katindhes!

20. Paduka mugi enget dhateng prajanjian Paduka,amargi papan-papan ingkang peteng ing bumi punika kebak susuh panganiaya.

21. Tiyang ingkang siniya-siya sampun ngantos wangsul kanthi wirang.Tiyang ingkang kasangsaran sarta tiyang ingkang mlarat supados sami ngalembana dhateng asma Paduka.

22. Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa jumeneng sarta nindakaken pangadilan Paduka!Mugi karsaa enget dhumateng panacadipun para tiyang ingkang kablinger dhumateng Paduka sadinten muput punika.

maca bab lengkap Jabur 74