Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 74:11-19 Kitab Sutji (JAV)

11. Punapaa dene Paduka narik wangsul asta Paduka,sarta numpangaken asta Paduka ingkang tengen ing jaja?

12. Ewasamanten Paduka, dhuh Allah, dados Ratu kawula wiwit jaman kina mila,ingkang paring pangluwaran wonten ing bumi.

13. Inggih Paduka punika ingkang miyak saganten klayan kakiyatan Paduka,ingkang ngremuki endhasipun naga-naga wonten ing sanginggiling toya.

14. Paduka ingkang ngremuki endhasipun Lewiyatan-lewiyatan,Paduka pakakaken dhateng sato ing pasamunan.

15. Paduka ingkang mbelah sumber saha lepen;Paduka ingkang ngesataken lepen-lepen ingkang ajeg mili.

16. Rinten punika kagungan Paduka,dalu punika ugi kagungan Paduka,Paduka ingkang mrenahaken pepadhang saha surya.

17. Paduka ingkang netepaken watesipun bumi sadaya,mangsa ketiga kaliyan mangsa rendheng Paduka ingkang ngawontenaken.

18. Paduka mugi karsaa ngengeti punika: mengsah memada, dhuh Yehuwah,bangsa ingkang keblinger punika ngawon-awon asma Paduka.

19. Nyawanipun peksi dara Paduka sampun ngantos Paduka pakakaken dhateng sato galak;Paduka mugi sampun ngantos kelajeng-lajeng kesupen dhateng nyawanipun para tiyang kagungan Paduka,ingkang katindhes!

maca bab lengkap Jabur 74