Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 74:1-14 Kitab Sutji (JAV)

1. Kidung piwulang anggitane Asaf.Dhuh Allah, punapa sababipun dene Paduka mbucal kawula sadaya ing salaminipun?Punapa sababipun dene bebendu Paduka ingkang mulad-mulad ndhawahi menda ngen-ngenan Paduka?

2. Paduka mugi karsaa ngengeti umat Paduka ingkang sampun Paduka pundhut wiwit kala kina,ingkang Paduka tebus dados bangsa kagungan Paduka piyambak,saha mugi karsaa ngengeti dhateng redi Sion kadhaton Paduka!

3. Paduka mugi karsaa rawuh ing panggenan ingkang kalajeng-lajeng risak punika;sadaya-sadayanipun sampun kasirnakaken dening mengsah wonten ing pasucen.

4. Satru Paduka sami mbaung wonten ing dalem pamujan Paduka,saha sampun ngedegaken benderanipun kadamel tetenger.

5. Katingalipun kados tiyang ingkang ninggil wadung ngantos inggil,kaempakaken ing kekajengan ingkang ketel,

6. lan sapunika ukir-ukiranipunsami dipun dhawahi ing kampak tuwin wadung sadaya;

7. padaleman Paduka ingkang suci dipun besmi,sarta papan padalemaning asma Paduka dipun najisaken ngantos dumugi ing siti;

8. osiking manahipun makaten: “Apike padha daktumpes kabeh wae!”Lajeng dalem pamujan ing saindenging nagari dipun besmeni sadaya.

9. Tetenger kawula boten wonten ingkang katingal,nabi inggih sampun boten wonten malih,saha panunggilan kawula sadaya boten wonten ingkang sumerep badhe ngantos sapinten dangunipun malih.

10. Dhuh Allah badhe ngantos sapinten dangunipunanggenipun satru punika nyenyampahi,saha mengsah anggenipun ngawon-awon asma Paduka tanpa kendel punika?

11. Punapaa dene Paduka narik wangsul asta Paduka,sarta numpangaken asta Paduka ingkang tengen ing jaja?

12. Ewasamanten Paduka, dhuh Allah, dados Ratu kawula wiwit jaman kina mila,ingkang paring pangluwaran wonten ing bumi.

13. Inggih Paduka punika ingkang miyak saganten klayan kakiyatan Paduka,ingkang ngremuki endhasipun naga-naga wonten ing sanginggiling toya.

14. Paduka ingkang ngremuki endhasipun Lewiyatan-lewiyatan,Paduka pakakaken dhateng sato ing pasamunan.

maca bab lengkap Jabur 74