Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 73:6-18 Kitab Sutji (JAV)

6. Mulane padha akalung piangkuh,tuwin panganggone arupa panganiaya.

7. Amarga saka lemune, kaluputane katon ngegla,atine mbludag ing pandakwa.

8. Padha nyemoni lan muni-muni kanthi patrap kang ala,bab panganiaya padha dirembug kalawan gumunggung.

9. Padha ngangapake cangkeme nglawan marang langit,lan ilate ngumukake awake ana ing bumi.

10. Marga saka iku wong padha bali marani dheweke kabeh,katone kaya banyu kang kimplah-kimplah.

11. Sarta pangucape: “Kapriye Gusti Allah anggone mirsa bab iku,apa Kang Mahaluhur iku kadunungan kawruh?”

12. Lah kaya mangkono iku kaanane para wong duraka:padha golek undhaking barang-darbeke sarta seneng-seneng ing salawase!

13. Rak tanpa guna anggonku njaga resiking atiku,sarta anggonku wisuh tangan, minangka tandhaning tanpa kaluputan.

14. Ewadene ing sadina muput anggonku kena ing bebendu,sarta saben esuk ora sepi ing paukuman.

15. Saupami kawula wicanten: “Aku arep calathu mangkono,”dados kawula sajatosipun cidra dhateng gelenganing para putra Paduka.

16. Nanging bareng aku duwe karep arep nyumurupi,bab iku katon angel ana ing mripatku,

17. nganti aku lumebu marang pasucening Allah,banjur nggatekake wekasane para wong mau.

18. Inggih, tiyang punika sami Paduka papanaken wonten ing panggenan ingkang lunyu,lajeng Paduka dhawahaken temah remuk.

maca bab lengkap Jabur 73