Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 73:1-14 Kitab Sutji (JAV)

1. Masmur anggitane Asaf.Satemene Gusti Allah iku becik tumrap para wong kang mulus atine,lan kang resik atine.

2. Nanging aku, kurang sathithik bae sikilku keplesed,aku meh keplesed.

3. Amarga panas atiku marang para wong kang gumunggung,manawa aku meruhi kabegjane wong duraka.

4. Awit iku ora padha nandhang lara,awake waras lan lemu;

5. ora padha ngrasakake susahing manungsa,lan ora padha kena ing bebendu kaya wong liyane.

6. Mulane padha akalung piangkuh,tuwin panganggone arupa panganiaya.

7. Amarga saka lemune, kaluputane katon ngegla,atine mbludag ing pandakwa.

8. Padha nyemoni lan muni-muni kanthi patrap kang ala,bab panganiaya padha dirembug kalawan gumunggung.

9. Padha ngangapake cangkeme nglawan marang langit,lan ilate ngumukake awake ana ing bumi.

10. Marga saka iku wong padha bali marani dheweke kabeh,katone kaya banyu kang kimplah-kimplah.

11. Sarta pangucape: “Kapriye Gusti Allah anggone mirsa bab iku,apa Kang Mahaluhur iku kadunungan kawruh?”

12. Lah kaya mangkono iku kaanane para wong duraka:padha golek undhaking barang-darbeke sarta seneng-seneng ing salawase!

13. Rak tanpa guna anggonku njaga resiking atiku,sarta anggonku wisuh tangan, minangka tandhaning tanpa kaluputan.

14. Ewadene ing sadina muput anggonku kena ing bebendu,sarta saben esuk ora sepi ing paukuman.

maca bab lengkap Jabur 73