Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 72:6-18 Kitab Sutji (JAV)

6. Panjenenganipun mugi kadosa jawah ingkang dhumawah ing ara-ara parumputan,sarta kados deresing jawah ingkang nyirami bumi!

7. Ing jaman sugengipun kaadilan mugi saged mekar,sarta tentrem rahayu sageda luber, ngantos rembulan sampun boten wonten malih.

8. Panjenenganipun mugi ngastaa pangwaos wiwit saking saganten dumugi saganten,tuwin saking bengawan Efrat ngantos dumugi ing pungkasanipun bumi.

9. Para ingkang manggen ing ara-ara samun sami sujuda wonten ing ngarsanipun,sarta para mengsahipun sami ndilata lebu;

10. para raja ing Tarsis kaliyan ing pulo-pulo sami nyaosana pisungsung,para ratu ing Syeba lan ing Seba sami saosa bulu-bekti!

11. Sakathahipun para raja mugi sami sujud lan nyembah dhateng panjenenganipun,sarta sakathahipun bangsa sami dadosa abdinipun!

12. Sabab panjenenganipun badhe ngluwari para tiyang mlarat ingkang sami sesambat nyuwun tulung,tiyang ingkang katindhes, saha tiyang ingkang boten wonten ingkang mitulungi;

13. panjenenganipun badhe ngeman dhateng tiyang ingkang ringkih saha tiyang mlarat,badhe ngentas nyawanipun tiyang mlarat.

14. Panjenenganipun badhe nebus nyawanipun saking panindhes tuwin panganiaya,rahipun dipun anggep adi wonten ing paningalipun.

15. Mugi sugenga Sang Prabu! Mugi kasaosana pisungsung mas wedalan ing tanah Syeba!Mugi tansah kadongakna,saha ing sadinten-dinten mugi kaparingana berkah!

16. Nagari mugi kaluberana taneman gandum,ingkang katingal ngombak-ombak wonten ing pucaking pareden;wohipun kajengipun mekar kados ing Libanon,wewulenipun samia mekar kados rumput ing bumi.

17. Asmanipun lestantuna ing salami-laminipun,salaminipun wonten surya asmanipun mugi saya kondhanga.Sakathahipun bangsa mugi sami berkah-binerkahana kanthi asmanipun,lan mastanana panjenenganipun rahayu.

18. Pinujia Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel,Panjenengane kang nindakake kaelokan piyambakan!

maca bab lengkap Jabur 72