Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 71:4-18 Kitab Sutji (JAV)

4. Dhuh Allah kawula, Paduka mugi karsaa ngluwari kawula saking tanganipun tiyang duraka,saha cangkeremaning para tiyang ingkang ambek-siya lan dakwenang.

5. Sabab, dhuh Pangeran inggih Paduka punika ingkang dados pangajeng-ajeng kawula,andel-andel kawula wiwit alit mila, dhuh Yehuwah.

6. Kawula sumendhe dhumateng Paduka wiwit wonten ing kandhutan,Paduka ingkang ngedalaken kawula saking kandhutaning biyung kawula;Paduka ingkang tansah kawula pepuji.

7. Kawula dados tandha ingkang ngeramaken tumrap tiyang kathah,amargi Paduka punika pangungsen kawula ingkang santosa.

8. Cangkem kawula kebak pamuji dhumateng Paduka,sadinten-dinten Paduka kawula luhuraken.

9. Samangsa kawula sampun sepuh, mugi sampun ngantos Paduka tampik,sampun ngantos nilar kawula manawi kakiyatan kawula sampun telas.

10. Awit kawula dipun raosi dening para satru kawula,tiyang ingkang sami ngangkah nyawa kawula sami sekuthon,

11. pangucapipun: “Wong kae wus ditegakake dening Gusti Allah,padha oyaken, nganti kecekel, awit ora ana kang mitulungi!”

12. Dhuh Allah, Paduka sampun ngantos tebih saking kawula,dhuh Allah kawula, Paduka mugi enggal-enggal karsa mitulungi kawula!

13. Tiyang ingkang sami nyatru nyawa kawula mugi samia kawirangan lan sami tumpesa;ingkang ngangkah cilaka kawula mugi karobana ing kanisthan lan kawirangan!

14. Nanging kawula badhe ngantepi ing pangajeng-ajeng,saha mindhak-mindhak anggen kawula ngluhuraken Paduka;

15. cangkem kawula badhe nyariyosaken kaadilan Paduka,saha karahayon peparing Paduka ing sadinten-dinten,amargi kawula boten saged ngetang kathahipun.

16. Kawula badhe dhateng kanthi kaprawiranipun Gusti Allah,saha namung badhe ngundhangaken kaadilan Paduka.

17. Dhuh Allah, wiwit alit mila kawula sampun Paduka wulang,lan ngantos dumugi sapunika kawula tansah nggelaraken pakaryan Paduka ingkang ngedab-edabi;

18. dhuh Allah, ngantosa kawula sepuh sarta uwanen,kawula mugi sampun ngantos Paduka tilar,supados kawula saged nyriyosaken pangwaos Paduka dhumateng para turun samangke,sarta kasantosan Paduka dhateng sakathahipun tiyang ingkang badhe dhateng.

maca bab lengkap Jabur 71