Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 7:6-17 Kitab Sutji (JAV)

6. manawi makaten, mugi kawula kabujenga ing mengsah ngantos kacepeng,lajeng gesang kawula dipun idak-idaka ing siti,saha kaluhuran kawula kapendhema ing lebu. (Selah)

7. Dhuh Yehuwah, mugi karsaa jumeneng ing salebeting bebendu Paduka,mugi karsaa jumeneng nadhahi pangigit-igitipun tiyang ingkang sami nglawan dhateng kawula,mugi Paduka wungu mitulungi kawula amargi Paduka ingkang mrentahaken pangadilan.

8. Dene para bangsa kajengipun sami nglempak ngupengi Paduka,Paduka lajeng karsaa lenggah ing sanginggilipun ing papan ingkang inggil.

9. Sang Yehuwah ngadili para bangsa.Dhuh Yehuwah, mugi Paduka karsaa ngadili kawula,punapa kawula leres, saha punapa kawula tulus eklas.

10. Mugi-mugi piawoning tiyang duraka sageda mantun,nanging tiyang mursid mugi Paduka santosakaken,Paduka ingkang ndadar manah saha batosing tiyang,dhuh Allah ingkang adil.

11. Gusti Allah iku tetamengku,kang mitulungi wong kang burus ing ati.

12. Gusti Allah iku Hakim kang adil,tuwin Allah kang tansah nglairake bebendune.

13. Manawa wong ora mratobat,Gusti Allah bakal ngasah pedhange, menthang gandhewane, lan kaenerake.

14. Gegaman ampuh kacawisake kanggo wong mau,jemparinge diurubake.

15. Lah wong iku ngandhut pialalan ngandheg bilai nuli nglairake cidra;

16. nuli gawe luwangan, didhudhuk,nanging kecemplung dhewe ing luwangan gaweane mau.

17. Piala kang ditindakake mau mbalik nempuh endhase dhewe,sarta panganiayane nibani pathake dhewe.

maca bab lengkap Jabur 7