Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 68:30-36 Kitab Sutji (JAV)

30. Para raja sami ngaturaken pisungsung dhumateng Paduka,margi saking padaleman Paduka ing Yerusalem.

31. Paduka mugi karsaa ndukani satokewan ing glagahan,golonganing tiyang rosa saha para pangagenging bangsa!Ingkang sami remen dhateng selaka, mugi Paduka iles-iles,ingkang sami remen perang, mugi Paduka buyaraken!

32. Wong padha nggawa barang tembaga saka Mesir,wong Etiopia enggal-enggal padha ngegarake tangane ana ing ngarsaning Allah.

33. He sakehing karajan ing salumahing bumi, padha ngengidunga kagem Gusti Allah,padha ngidunga masmur kagem Pangeran; (Selah)

34. kagem Panjenengane kang nitih kareta miyos ing langit kang saka ing kuna mula.Padha nggatekna, Panjenengane ngedalake swarane,swarane kang nggegirisi!

35. Padha ngakonana pangwasaning Allah;kaluhurane ngayomi Israel, pangwaose ana ing mega-mega.

36. Gusti Allah iku nggegirisi ana ing padalemane kang suci,Gusti Allahe Israel, Panjenengane ngganjar pangwasa lan kekuwatan marang umate.Pinujia Gusti Allah!

maca bab lengkap Jabur 68