Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 68:24-33 Kitab Sutji (JAV)

24. supaya sira ngwisuhi sikilira kalawan getih,sarta ilate asu-asunira uga padha oleh panduman saka mungsuhira.”

25. Dhuh Allah, tiyang sami ningali tindak Paduka mawi arak-arakan,arak-arakanipun Allah kawula, Raja kawula dhateng ing pasucen.

26. Tiyang ingkang sesindhenan lumampah wonten ing ngajeng,ingkang wonten ing wingkingipun para ingkang sami ngungelaken clempung,ingkang wonten ing tengah para prawan ingkang sami nrebang.

27. “Padha ngluhurna Gusti Allah apepanthan,yaiku Pangeran Yehuwah, he kowe kang asalmu padha saka ing tuke Israel!”

28. Kae Benyamin, kang wuragil, kang lumaku ana ing ngarep dhewe,para panggedhening Yahuda padha gumrudug,para panggedhening Zebulon, para panggedhening Naftali.

29. Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa ngempalaken kakiyatan Paduka,dhuh Allah, Paduka mugi karsaa ngatingalaken pangwaos Paduka,Paduka ingkang sampun makarya kangge kawula sadaya.

30. Para raja sami ngaturaken pisungsung dhumateng Paduka,margi saking padaleman Paduka ing Yerusalem.

31. Paduka mugi karsaa ndukani satokewan ing glagahan,golonganing tiyang rosa saha para pangagenging bangsa!Ingkang sami remen dhateng selaka, mugi Paduka iles-iles,ingkang sami remen perang, mugi Paduka buyaraken!

32. Wong padha nggawa barang tembaga saka Mesir,wong Etiopia enggal-enggal padha ngegarake tangane ana ing ngarsaning Allah.

33. He sakehing karajan ing salumahing bumi, padha ngengidunga kagem Gusti Allah,padha ngidunga masmur kagem Pangeran; (Selah)

maca bab lengkap Jabur 68