Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 68:1-14 Kitab Sutji (JAV)

1. Kanggo lurah pasindhen.Masmur anggitane Prabu Dawud. Kidungan.

2. Allah jumeneng, mungsuhe padha buyar,wong kang padha sengit marang Panjenengane larud saka ing ngarsane.

3. Sami kados kukus kabur sirna,kados lilin ajer wonten ing sangajenging latu,makaten tumpesipun tiyang duraka wonten ing ngarsanipun Gusti Allah.

4. Nanging para tiyang mursid sami bingah-bingah,sami sumyak-sumyak wonten ing ngarsanipun Gusti Allah,sami gambira lan sukarena.

5. Padha ngidunga kagem Gusti Allah, asmane luhurna kalawan masmur,gawea dalan kagem Panjenengane, kang ngagem titihan kang nratas ing mega!Asmane yaiku Yehuwah, bungah-bungaha ana ing ngarsane!

6. Ramane para bocah lola lan pangayomane para randha,iku Gusti Allah kang ana ing kadhatone kang suci;

7. wong kang kesepen sanak sadulur padha diparingi papan panggonan,wong tawanan padha diluwari, temah padha rumangsa begja,nanging wong mbalela padha andhok ana ing tanah gundhul.

8. Dhuh Allah, kala Paduka mangsah perang wonten ing ngajengipun umat Paduka,nalika Paduka tindak ngambah ing pasamunan, (Selah)

9. bumi gonjang-ganjing, malah langit nurunaken jawah wonten ing ngarsanipun Gusti Allah;redi Sinai hoyag wonten ing ngarsanipun Gusti Allah, Allahipun Israel.

10. Dhuh Allah, Paduka ngesokaken jawah kalayan mirah;siti kagungan Paduka ingkang garing Paduka pulihaken,

11. temah pepanthaning raja-kaya Paduka lajeng sami angsal panggenan wonten ing ngriku;dhuh Allah, margi saking sih-kadarman Paduka,Paduka maringi kabetahanipun tiyang ingkang katindhes.

12. Pangeran paring pangandika;wong kang padha nggawa kabar becik iku dadi wadya-bala kang gedhe.

13. Para rajane wadya-bala kabeh padha lolos, padha keplajeng,para wong wadon kang tunggu omah padha ngedum-edum barang jarahane.

14. Kowe apa padha gelem leleyeh ana ing antarane kandhang-kandhang?Swiwining manuk dara padha diselut selaka,sarta elare kaselut ing emas kang mencorong.

maca bab lengkap Jabur 68