Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 67:1-8 Kitab Sutji (JAV)

1. Kanggo lurah pasindhen.Binarung swaraning clempung. Masmur. Kidungan.

2. Gusti Allah muga paring sih-rahmat lan berkah marang kita,Panjenengane muga karsaa nyunari kita kalawan wadanane, (Selah)

3. supados margi Paduka kasumerepan wonten ing bumi,saha karahayon peparing Paduka wonten ing satengahing bangsa sadaya.

4. Dhuh Allah, para bangsa mugi sami ngucapa sokur dhumateng Paduka;para bangsa mugi sami ngucap sokur dhumateng Paduka sadaya.

5. Para suku bangsa mugi sami sukarenaa, tuwin surak-suraka,amargi Paduka ngereh para bangsa kanthi adil,lan para suku bangsa ing salumahing bumi sami Paduka tuntun. (Selah)

6. Dhuh Allah, para bangsa mugi sami memujia dhumateng Paduka,Paduka pinujia dening sadaya bangsa.

7. Bumi wus menehake pametune,Gusti Allah, Allah kita mberkahi kita.

8. Gusti Allah mberkahi kita;salumahing bumi muga ngabektia marang Panjenengane.

maca bab lengkap Jabur 67