Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 66:6-20 Kitab Sutji (JAV)

6. Segara diwalik dadi dharatan,wong padha lumaku dharat nyabrang ing bengawan.Awit saka iku kita padha sukarena marga saka Panjenengane,

7. kang mrentah kanthi santosa ing salawase,kang mirsani para bangsa kalawan paningale.Wong kang padha mbalela ora bisa gumunggung. (Selah)

8. He para bangsa, Gusti Allah kita padha saosana puji,lan padha ngunjukna pepujian marang Panjenengane!

9. Panjenengane kang nguripi nyawa kitasarta ora marengake manawa sikil kita padha gloyoran.

10. Amargi Paduka sampun ndadar kawula, dhuh Allah,sampun Paduka besot kadosdene mbesot selaka.

11. Paduka sampun mbekta kawula lumebet ing jaring;tuwin boyok kawula Paduka tumpangi momotan.

12. Paduka kendelaken kemawon tiyang-tiyang ingkang sami ngicak-icak sirah kawula,kawula sampun lumebet ing latu lan ing toya;nanging samangke kawula sampun Paduka wedalaken temahan lajeng luwar.

13. Kawula badhe sowan lumebet ing padaleman Paduka ngaturaken kurban obaran,saha ngluwari nadar kawula konjuk dhumateng Paduka,

14. inggih punika nadar ingkang kawedal saking lambe kawula,sarta kaucapaken cangkem kawula, nalika kawula nandhang sisah.

15. Kurban-kurban obaran warni kewan leman ingkang badhe kawula aturaken dhumateng Paduka,kanthi kumeluning kurban menda-menda jaler;kawula badhe nyaosaken lembu punapadene menda jaler. (Selah)

16. He kowe kabeh kang padha ngabekti marang Gusti Allah padha ngrungokna,aku arep nyritakakeapa kang katandukake Pangeran marang aku.

17. Aku wus sesambat marang Panjenengane kalayan cangkemku,saiki aku ngidungake pepujian kalawan ilatku.

18. Saupama ing atiku ana pangangen-angen kang ala,Pangeran mesthi ora karsa miyarsakake.

19. Nanging nyatane Gusti Allah wus miyarsakake,sarta wus migatosake pandongaku kang dakucapake.

20. Pinujia Gusti Allah, kang ora nampik pandongakulan ora nyukengi sih-kadarmane marang aku.

maca bab lengkap Jabur 66