Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 66:1-8 Kitab Sutji (JAV)

1. Kanggo lurah pasindhen.Kidung masmur.He salumahing bumi, surak-suraka kagem Gusti Allah!

2. Kamulyane asmane padha kidungna, Panjenengane luhurna kalawan pepujian!

3. Munjuka marang Gusti Allah: “Saiba anggenipun nggegirisi sadaya pakaryan Paduka punika;amargi saking agunging panguwaos Paduka,mengsah Paduka temah sami teluk, ngempek-empek dhumateng Paduka.

4. Sajagad sadaya sujud nyembah dhumateng Paduka,saha sami ngidungaken masmur konjuk ing ngarsa Paduka,tuwin ngidungaken masmur asma Paduka.” (Selah)

5. Padha majua waspadakna pakaryane Gusti Allah;ngebat-ebati kang ditandukake marang manungsa.

6. Segara diwalik dadi dharatan,wong padha lumaku dharat nyabrang ing bengawan.Awit saka iku kita padha sukarena marga saka Panjenengane,

7. kang mrentah kanthi santosa ing salawase,kang mirsani para bangsa kalawan paningale.Wong kang padha mbalela ora bisa gumunggung. (Selah)

8. He para bangsa, Gusti Allah kita padha saosana puji,lan padha ngunjukna pepujian marang Panjenengane!

maca bab lengkap Jabur 66