Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 64:4-11 Kitab Sutji (JAV)

4. ingkang nglandhepaken ilatipun kados pedhang,sarta ingkang ngeculaken tembung sengak kados panah,

5. ingkang kalepasaken dhateng tiyang mursid saking ing pasingidan,dumadakan panahipun katamakaken tanpa ringa-ringa.

6. Sami nekad nindakaken duraka,sami sarembag masang kala ing pasingidan,sarta ngucap: “Sapa kang weruh?”

7. Sami ngangen-angen tindak culika:“Aku wis padha rumanti, rancangane wis mateng.”Saiba lebetipn batos saha manahipun tiyang punika!

8. Nanging Gusti Allah nglepasi panah dhumateng tiyang-tiyang punika;dumadakan sami ketaton.

9. Padha ditibakake dening Gusti Allah marga saka ilate dhewe;sakehing wong kang nyawang padha gedheg-gedheg.

10. Wong kabeh padha wedi lan banjur nyaritakake pakaryaning Allah,kanthi ngakoni pandamele.

11. Wong mursid bakal padha bungah, marga pangrehe Sang Yehuwah,sarta ngayom marang Panjenengane;sakehing wong kang jujur bakal padha ngalembana.

maca bab lengkap Jabur 64