Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 63:8-12 Kitab Sutji (JAV)

8. sayektosipun Paduka sampun dados pitulungan kawula,saha kawula saged surak-surak wonten ing aubing swiwi Paduka.

9. Nyawa kawula rumaket dhumateng Paduka,sarta asta tengen Paduka nyepengi kawula.

10. Nanging tiyang ingkang sami ngangkah dhateng nyawa kawula,sami dhawah ing telenging bumi;

11. sami badhe kaulungaken dhateng ing pangwaosing pedhangtuwin badhe dados mangsanipun segawon ajag.

12. Nanging Sang Prabu badhe suka-suka, amargi saking Gusti Allah;sok tiyanga ingkang supaos demi Gusti Allah, badhe nglairaken panggunggungamargi sadaya tiyang cidra sami kabungkem cangkemipun.

maca bab lengkap Jabur 63