Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 6:4-11 Kitab Sutji (JAV)

4. lan nyawa kawula sanget kaget.Dene Paduka, dhuh Yehuwah, taksih sapinten dangunipun?

5. Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa wangsul,karsaa ngentas nyawa kawula,mugi karsaa ngluwari kawula awit saking sih-kadarman Paduka.

6. Awit ing salebetipun pejah boten wonten tiyang ingkang ngenget-enget dhumateng Paduka,wonten ing teleng palimengan sinten ingkang badhe memuji dhumateng Paduka?

7. Kawula sampun lesah margi saking pangesah kawula,ing saben dalu patileman kawula kebesan ing luh kawula,amben kawula kawula benani kalayan luh kawula.

8. Mripat kawula ngantos pendul margi saking sisah,sarta lamur jalaran kathahing tiyang ingkang ngrupeki manah kawula.

9. Heh wong kang padha gawe piala, sumingkira saka ing ngarepku,amarga Sang Yehuwah wus miyarsa tangisku.

10. Sang Yehuwah wus mireng panyuwunku,Sang Yehuwah nampeni pandongaku.

11. Sakehing satruku padha kawirangan sarta kaget banget,lan mundur sakal tuwin kawirangan kabeh.

maca bab lengkap Jabur 6