Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 6:1-5 Kitab Sutji (JAV)

1. Kanggo lurah pasindhen binarung ing swaraning clempung.Manut lagu: Kang kawolu. Masmur anggitane Sang Prabu Dawud.

2. Dhuh Yehuwah, kawula mugi sampun Paduka ukum kalayan bebendu Paduka,mugi sampun Paduka perdi kalayan bramantya Paduka.

3. Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka welasi, awit kawula nglayung.Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka sarasaken,awit balung kawula sami gumeter,

4. lan nyawa kawula sanget kaget.Dene Paduka, dhuh Yehuwah, taksih sapinten dangunipun?

5. Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa wangsul,karsaa ngentas nyawa kawula,mugi karsaa ngluwari kawula awit saking sih-kadarman Paduka.

maca bab lengkap Jabur 6