Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 59:13-18 Kitab Sutji (JAV)

13. Ujaring lambenipun punika dosaning cangkemipun,sami kajireta margi saking piyangkuhipun.Amargi ipat-ipat lan cidra ingkang dipun cariyosaken.

14. Mugi sami katumpesa kalayan bebendu, katumpesangantos sami sirna,supados smi mangretosa, bilih Gusti Allah ingkang misesani tedhak turunipun Rama Yakub,ngantos dumugi ing pungkasaning bumi. (Selah)

15. Saben wanci sonten sami dhateng malih,mbaung kados segawon sarta ngubengi kitha.

16. Sami nglambrang ngupados tedha,manawi boten tuwuk, lajeng sami nggereng.

17. Nanging kawula badhe ngidungaken kakiyatan Paduka,ing wanci enjing kawula badhe asurak-surak margi saking sih-kadarman Paduka;amargi Paduka punika sampun dados kitha beteng kawula,papan pangungsen kawula ing salebeting karupekan kawula.

18. Dhuh Karosan kawula, Paduka badhe kawula kidungaken klayan kidung masmur;amargi Gusti Allah punika dados kitha beteng kawula,Gusti Allah kawula ingkang asih-darma.

maca bab lengkap Jabur 59