Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 58:1-8 Kitab Sutji (JAV)

1. Kanggo lurah pasindhen.Lagune kaya kidung: Aja ngrusak. Miktam anggitane Prabu Dawud.

2. He para kang nyekel pangwasa, apa pancasanmu iku adil temenan?Anggonmu ngakimi marang para anaking manungsa iku apa jujur?

3. Malah cocog karo karepmu kowe nglakoni piala,tanganmu nindakake kekerasan ana ing bumi.

4. Wong duraka padha murtad wiwit lair mula,para juru apus iku padha nasar wiwit ana ing wetenganing biyung.

5. Wisane kaya wisane ula,padha kaya ula bedhudhak kang budheg, kang nutupi kupinge,

6. kang ora ngrungokake marang swarane para tukang njapani,utawa swarane tukang maca mantra kang wasis.

7. Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa ngrampali untuning cangkemipun,saha karsaa motholi siyungipun singa anem. (Selah)

8. Sami sirnaa kados toya ingkang mili lajeng telas,kajengipun sami alum kados rumput ing margi.

maca bab lengkap Jabur 58