Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 58:1-11 Kitab Sutji (JAV)

1. Kanggo lurah pasindhen.Lagune kaya kidung: Aja ngrusak. Miktam anggitane Prabu Dawud.

2. He para kang nyekel pangwasa, apa pancasanmu iku adil temenan?Anggonmu ngakimi marang para anaking manungsa iku apa jujur?

3. Malah cocog karo karepmu kowe nglakoni piala,tanganmu nindakake kekerasan ana ing bumi.

4. Wong duraka padha murtad wiwit lair mula,para juru apus iku padha nasar wiwit ana ing wetenganing biyung.

5. Wisane kaya wisane ula,padha kaya ula bedhudhak kang budheg, kang nutupi kupinge,

6. kang ora ngrungokake marang swarane para tukang njapani,utawa swarane tukang maca mantra kang wasis.

7. Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa ngrampali untuning cangkemipun,saha karsaa motholi siyungipun singa anem. (Selah)

8. Sami sirnaa kados toya ingkang mili lajeng telas,kajengipun sami alum kados rumput ing margi.

9. Kajengipun sami sirna kados bekicot ingkang dados ilu,sami kadosa bayining tiyang estri ingkang lair keluron ingkang boten ningali surya.

10. Sadurunge kwali-kwalimu kena panasing eri,kabeh kang isih seger dalasan kang wus gesengpadha kabengkas dening Pangeran.

11. Wong mursid bakal padha bungah-bungah marga nyumurupi piwales,sarta bakal ngwisuhi sikile kalawan getihe wong duraka.

maca bab lengkap Jabur 58