Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 57:8-12 Kitab Sutji (JAV)

8. Manah kawula sampun cumawis, dhuh Allah, manah kawula sampun cumadhang,kawula badhe ngrerepi, kawula badhe ngidung masmur.

9. He nyawaku, tangia, tangia, he slukat lan clempung,aku arep nggugah bangbang wetan!

10. Paduka badhe kawula puji wonten ing satengahipun para bangsa, dhuh Pangeran,Paduka badhe kawula kidungaken masmur wonten ing satengahipun para suku bangsa.

11. Awit sih-kadarman Paduka luhuripun sundhul ing akasa,sarta kaleresan Paduka sundhul ing mega.

12. Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa ngatingalaken kaluhuran Paduka ngantos dumugi ing sanginggiling langit,saha kamulyan Paduka mugi nglangkungana salumahing bumi.

maca bab lengkap Jabur 57