Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 57:3-10 Kitab Sutji (JAV)

3. Aku sesambat marang Gusti Allah Kang Mahaluhur,Gusti Allah ngrampungi prakaraku.

4. Gusti Allah muga karsaa utusan saka ing swarga ngluwari aku,lan mirang-mirangake wong kang ngidak-idak aku. (Selah)Gusti Allah muga karsaa ngintunake sih-kadarman lan kabenerane.

5. Aku ngleleh ana ing tengah-tengahing singa-singa,kang dhemen nubruk anak-anaking manungsa,kang untune kaya tumbak lan panah,sarta kang ilate kaya pedhang landhep.

6. Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa nedahaken kaluhuran Paduka,ngantos dumugi ing sanginggiling langit,sarta kamulyan Paduka mugi nglangkungana salumahing bumi.

7. Lakuku padha dipasangi kala-jiret,nyawaku ditungkulake,padha ndhudhuk luwangan ana ing ngarepku,nanging banjur padha kecemplung dhewe ana ing kono. (Selah)

8. Manah kawula sampun cumawis, dhuh Allah, manah kawula sampun cumadhang,kawula badhe ngrerepi, kawula badhe ngidung masmur.

9. He nyawaku, tangia, tangia, he slukat lan clempung,aku arep nggugah bangbang wetan!

10. Paduka badhe kawula puji wonten ing satengahipun para bangsa, dhuh Pangeran,Paduka badhe kawula kidungaken masmur wonten ing satengahipun para suku bangsa.

maca bab lengkap Jabur 57