Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 57:1-6 Kitab Sutji (JAV)

1. Kanggo lurah pasindhen.Miturut lagu: Aja ngrusak. Miktam anggitane Prabu Dawud, nalika lumajeng saka ing ngarsane Sang Prabu Saul menyang ing guwa.

2. Kawula mugi Paduka welasi, dhuh Allah, kawula mugi Paduka welasi,awit namung Paduka ingkang dados pangaubaning nyawa kawula;kawula ngayom wonten ing sangandhaping swiwi Paduka,ngantos bebaya punika sampun mengker.

3. Aku sesambat marang Gusti Allah Kang Mahaluhur,Gusti Allah ngrampungi prakaraku.

4. Gusti Allah muga karsaa utusan saka ing swarga ngluwari aku,lan mirang-mirangake wong kang ngidak-idak aku. (Selah)Gusti Allah muga karsaa ngintunake sih-kadarman lan kabenerane.

5. Aku ngleleh ana ing tengah-tengahing singa-singa,kang dhemen nubruk anak-anaking manungsa,kang untune kaya tumbak lan panah,sarta kang ilate kaya pedhang landhep.

6. Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa nedahaken kaluhuran Paduka,ngantos dumugi ing sanginggiling langit,sarta kamulyan Paduka mugi nglangkungana salumahing bumi.

maca bab lengkap Jabur 57