Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 54:4-9 Kitab Sutji (JAV)

4. Dhuh Allah, Paduka karsaa miyarsakaken pandonga kawula,sarta mugi karsaa nilingaken unjukipun cangkem kawula.

5. Awit wonten tiyang kumingsun ingkang sami nglawan kawula;tiyang ingkang gumunggung sami ngangkah nyawa kawula;tiyang-tiyang wau sami boten maelu dhateng Gusti Allah. (Selah)

6. Satemene Gusti Allah iku kang mitulungi aku;Pangeran iku kang ngemong uripku.

7. Pialane nampeka marang satru-satruku,mugi sami Paduka tumpes awit saking kasetyan Paduka.

8. Kawula badhe nyaosi kurban kanthi eklasing manah,dhuh Yehuwah, kawula badhe memuji asma Paduka,amargi asma Paduka punika sae.

9. Amargi Paduka ngluwari kawula saking sakathahing karibedan,saha mripat kawula nyawang dhateng mengsah kawula.

maca bab lengkap Jabur 54