Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 52:1-11 Kitab Sutji (JAV)

1. Kanggo lurah pasindhen.Kidung piwulange Prabu Dawud,

2. naliga Doëg, wong Edom seba ngaturi uninga marang Prabu Saul, yen Sang Senopati Dawud wus rawuh ing daleme Imam Akhimelekh.

3. He pahlawan, geneya kowe kok gumunggung ing bab piala,ana ing ngarepe wong kang sadina-dina kinasihan dening Gusti Allah?

4. Kowe ngrantam-ngrantam bilai,ilatmu iku kaya lading panyukuran kang wus kaasah,he wong cidra!

5. Kowe iku dhemen marang piala ngungkuli kabecikan,sarta marang para cidra ngluwihi kayekten. (Selah)

6. Kang kok dhemeni iku sakehing tetembungan kang ngrusak,he ilat kang cidra!

7. Nanging kowe iku ing satemene bakal dibrukake dening Gusti Allah ing saterusebakal direbat lan dilarak saka ing tarubbakal kabethot saka ing tanahe wong ngaurip. (Selah)

8. Para wong mursid bakal padha ndeleng, temahan padha wedi,lan bakal padha nggeguyu, pangucape:

9. “Lah kae delengen, wong iku ora nganggep Gusti Allah dadi pangungsene,nanging ngendelake marang kasugihane kang luber,lan ngayom marang pratingkahe anggone ngrerusak!”

10. Nanging aku iki bakal ana ing padalemane Gusti Allah;kaya wit jaitun kang ngrembuyung seger ijo royo-royo;sih-kadarmane Allah kang dakendelake ing salawase.

11. Kawula badhe ngunjukaken pamuji sokur wonten ing ngarsa Paduka ing salami-laminipun,margi saking pangreh Paduka;awit asma Paduka punika sae, mila badhe kawula suwurakenwonten ing ngajengipun para kekasih Paduka!

maca bab lengkap Jabur 52