Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 51:8-19 Kitab Sutji (JAV)

8. Pancen saestu, Paduka punika karenan dhateng kaleresaning salebeting batos,kanthi kendel-kendelan Paduka paring sumerep bab kawicaksanan dhumateng kawula.

9. Dosa kawula mugi Paduka icali kalayan hisop, temah dados resik,kawula Paduka edusi temah dados pethak, nglangkungi salju!

10. Kawula pinarengana mireng kabingahan lan sukarena,saha balung ingkang sampun Paduka remuk, sageda surak-surak malih!

11. Paduka mugi karsaa ngaling-alingi wedana Paduka, sampun ngantos mirsa dosa kawula,saha kalepatan kawula mugi Paduka lebur sadaya.

12. Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa damel resiking manah kawula,sarta batos kawula mugi Paduka enggalaken klayan roh ingkang santosa.

13. Kawula mugi sampun ngantos Paduka bucal saking ngarsa Paduka,saha roh Paduka ingkang suci sampun ngantos kapundhut saking kawula.

14. Paduka mugi karsaa nggigah kabingahan kawula malih margi saking karahayon ingkang saking Paduka,saha kawula Paduka jangkepi klayan roh ingkang eklas!

15. Temahan kawula badhe mulangaken margi Paduka dhateng para tiyang ingkang lampahipun nasar,supados tiyang dosa sami mratobata dhuumateng Paduka.

16. Dhuh Allah, Allahipun karahayon kawula,Paduka mugi karsaa nguwalaken kawula saking anggen kawula kasambutan rah,temah ilat kawula badhe surak-surak martosaken kaadilan Paduka.

17. Dhuh Pangeran, Paduka mugi karsaa mbikak lambe kawula,supados cangkem kawula martosaken kidung pamuji konjuk dhumateng Paduka!

18. Awit Paduka boten ngarsakaken mundhut kurban sembelehan,kurban obaran Paduka inggih boten karsa.

19. Kurban sembelehan ingkang katarimah ing Gusti Allah punika manah ingkang rempu, manah ingkang pepes lan remuk,dhuh Allah punika boten Paduka galih asor.

maca bab lengkap Jabur 51