Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 51:15-21 Kitab Sutji (JAV)

15. Temahan kawula badhe mulangaken margi Paduka dhateng para tiyang ingkang lampahipun nasar,supados tiyang dosa sami mratobata dhuumateng Paduka.

16. Dhuh Allah, Allahipun karahayon kawula,Paduka mugi karsaa nguwalaken kawula saking anggen kawula kasambutan rah,temah ilat kawula badhe surak-surak martosaken kaadilan Paduka.

17. Dhuh Pangeran, Paduka mugi karsaa mbikak lambe kawula,supados cangkem kawula martosaken kidung pamuji konjuk dhumateng Paduka!

18. Awit Paduka boten ngarsakaken mundhut kurban sembelehan,kurban obaran Paduka inggih boten karsa.

19. Kurban sembelehan ingkang katarimah ing Gusti Allah punika manah ingkang rempu, manah ingkang pepes lan remuk,dhuh Allah punika boten Paduka galih asor.

20. Paduka mugi karsaa nandukaken kasaenan dhumateng Sion manut rilaning panggalih Paduka,saha karsaa mbangun balowartinipun Yerusalem!

21. Paduka nunten badhe karsa nampeni kurban ingkang leres,kurban obaran tuwin kurban ingkang kabesmi sadaya,lembu jaler lajeng badhe kakurbanaken wonten ing misbyah Paduka.

maca bab lengkap Jabur 51