Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 50:8-18 Kitab Sutji (JAV)

8. Ingsun ora melehake sira marga saka kurbanira,amarga kurbanira obaran rak tansah ana ing ngarsaningSun?

9. Ingsun ora susah mundhut sapi saka ing omahirautawa wedhus lanang saka ing kandhangira,

10. amarga sarupaning kewan ing alas iku kagunganingSun,samono uga sato-kewan ewon kang ana ing gunung.

11. Sakehing manuk ing awang-awang Ingsun wanuh,lan apa kang kumelip ana ing ara-ara iku Sunwengku.

12. Manawa Ingsun kerapan, ora usah ngandika marang sira,amarga jagad saisine kabeh iku kagunganingSun.

13. Apa Ingsun dhahar daginge sapi lanang,utawa ngunjuk getihing wedhus lanang?

14. Ngaturna panuwun minangka kurban marang Gusti Allah,lan luwarana nadarmu marang Kang Mahaluhur!

15. Ing dina karubedan sira padha nyebuta marang Ingsun,nuli Ingsun bakal mitulungi sira lan sira bakal ngluhurake Ingsun.” (Selah)

16. Balik marang wong duraka Gusti Allah ngandika mangkene:“Sira kok kumawani niti-priksa pranataningSun,lan cangkemira kok ngrasani prajanjianingSun,

17. mangka sira gething marang pameleh,sarta nyingkur marang pangandikaningSun.

18. Manawa sira weruh maling, sira banjur dadi kancane,sarta sira tetunggalan karo wong laku bedhang.

maca bab lengkap Jabur 50