Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 50:1-11 Kitab Sutji (JAV)

1. Masmur anggitane Asaf.Kang Mahakawasa, yaiku Pangeran Yehuwah, ngandika sarta nimbali marang bumi,saka prenah pletheking surya tutug prenahe surupe.

2. Saka ing Sion, sampurnaning kaendahan,Gusti Allah miyos ngagem kamulyan.

3. Allah kita bakal rawuh lan ora kendel bae,ing ngarsane ana geni kang memangsa,ingayap ing prahara kang nggegirisi.

4. Panjenengane nguwuh marang langit ing dhuwur,lan marang bumi prelu ngadili marang umate:

5. “Para kekasihingSun padha kumpulna ana ing ngarsaningSun,kang padha gawe prajanjian kalawan Ingsun mawa saos kurban sembelehan!”

6. Nuli langit mratelakake kaadilane,amarga Gusti Allah piyambak iku kang jumeneng Hakim. (Selah)

7. “He umatingSun, padha ngrungokna, Ingsun karsa ngandika,he Israel, Ingsun ndhawuhake paseksen marang sira,Ingsun iki Allah, Allahira!

8. Ingsun ora melehake sira marga saka kurbanira,amarga kurbanira obaran rak tansah ana ing ngarsaningSun?

9. Ingsun ora susah mundhut sapi saka ing omahirautawa wedhus lanang saka ing kandhangira,

10. amarga sarupaning kewan ing alas iku kagunganingSun,samono uga sato-kewan ewon kang ana ing gunung.

11. Sakehing manuk ing awang-awang Ingsun wanuh,lan apa kang kumelip ana ing ara-ara iku Sunwengku.

maca bab lengkap Jabur 50