Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 5:8-13 Kitab Sutji (JAV)

8. Nanging kawula Paduka parengaken sowan lumebet ing padaleman Paduka,amargi saking agenging sih palimirma Paduka.Kawula Paduka parengaken tumungkul sujudmadhep dhateng ing padaleman Paduka ingkang suci,kanthi pakering dhumateng Paduka.

9. Dhuh Yehuwah Paduka mugi karsaa nuntun kawula wonten ing kaadilan Paduka,awit saking panjejeping mengsah kawula;Paduka mugi ngradinaken margi Paduka wonten ing ngajeng kawula.

10. Amargi tembungipun tiyang-tiyang punika boten wonten ingkang temen,batosipun kebak piawon,gurungipun kadosdene kubur menga,ilatipun ngucapaken lelamisan.

11. Dhuh Allah, tiyang punika kajengipun sami nanggel kalepatanipun,kajengipun sami dhawah margi saking rancanganipun piyambak,sami kabucala awit saking kathahing panerakipun,amargi sami mbalela dhateng Paduka.

12. Nanging sakathahipun tiyang ingkang ngungsi dhumateng Paduka, badhe sami suka rena,sami surak-surak ing salaminipun margi sami Paduka ayomisaha margi saking Paduka tiyang ingkang tresna dhumateng Paduka badhe sami sumyak-sumyak.

13. Amargi Paduka ingkang mberkahi tiyang mursid, dhuh Yehuwah,saha Paduka amping-ampingi kalayan kanugrahan Paduka, kadosdene tetameng.

maca bab lengkap Jabur 5