Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 47:2-10 Kitab Sutji (JAV)

2. He para bangsa kabeh, padha keplok-keploka,padha methuka Gusti Allah kalawan surak-surak!

3. Awit Pangeran Yehuwah Kang Mahaluhur iku nggegirisi,sarta jumeneng Ratu Agung ana ing salumahing bumi.

4. Para bangsa padha ditelukake marang kita,sarta para suku bangsa padha disorake ana ing tlapakan kita.

5. Kita padha kapilihake tanah-pusaka kita,kang digung-gungake dening Rama Yakub, kekasihe. (Selah)

6. Gusti Allah wus sumengka ingiring ing surak rame,iya Sang Yehuwah iku sumengka kalawan kairing ing swaraning kalasangka.

7. Gusti Allah padha saosana kekidungan masmur, padha saosana kekidungan masmur.padha ngidunga masmur kagem ratu kita, padha ngidunga masmur!

8. Amarga Gusti Allah iku Ratu ing salumahing bumi,padha ngidunga masmur, kidung piwulang!

9. Gusti Allah iku ngratoni para bangsa,sarta lenggah ing dhampare kang suci.

10. Para panggedhening bangsa-bangsa padha ngumpul,kang padha dadi umate Allahe Rama Abraham.Sabab tameng-tamenging bumi iku kagungane Gusti Allah,Panjenengane iku banget anggone kaluhurake.

maca bab lengkap Jabur 47