Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 46:3-12 Kitab Sutji (JAV)

3. Mulane kita ora bakal miris, sanadyan bumi ngantia ngalih panggona,tuwin gunung-gunung padha gonjing ana ing telenging segara;

4. sanadyan gumuruh sarta banyune munthuk,sarta sanadyan gunung padha horeg marga saka molak-maliking alun. (Selah)

5. Ana bengawan kang iline mbungahake kuthaning Allah,padalemane Kang Mahaluhur.

6. Gusti Allah ana ing kono, mula ora bakal gonjang-ganjing,sarta bakal dipitulungi dening Gusti Allah ing wayah bangun esuk.

7. Para bangsa padha geger, sakehing karajan padha gonjing,Panjenengane ngedalake swarane, bumi temah ajur mumur.

8. Pangeran Yehuwah Gustining kang sarwa dumadi nunggil karo kita,Allahe Rama Yakub iku dadi beteng kita. (Selah)

9. Mara padha lungaa, sawangen pakaryane Sang Yehuwah,kang nuwuhake tetumpesan ana ing bumi,

10. kang ngendhakake peperangan nganti tumeka ing pungkasaning bumi,kang mutung gandhewa sarta mapakake tumbak,kang ngobongi kareta perang kalawan geni.

11. “Menenga lan ngretia, manawa Ingsun iku Allah!Ingsun kaluhurake ana ing tengahing para bangsa,linuhurake ana ing bumi!”

12. Pangeran Yehuwah Gustining kang sarwa dumadi nunggil karo kita,Allahe Rama Yakub iku beteng kita. (Selah)

maca bab lengkap Jabur 46