Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 45:9-17 Kitab Sutji (JAV)

9. Busana dalem sadaya ngganda blendok mur, kajeng garu tuwin cendhana,saking kadhaton gadhing swaraning clempung damel renaning pangalih dalem;

10. para putrining ratu sami kagolong kaliyan para kekasih dalem,Sang Prameswari jumeneng wonten ing tengen dalem,ngagem busana kencana saking Ofir.

11. Dhuh Sang Putri, panjenengan dalem kawula aturi mirsani,mugi karsaa nilingaken talingan dalem,sampun ngengeti dhateng bangsa dalem sarta sadaya isining padalemanipun rama dalem!

12. Sang Prabu supados kasengsem margi saking endahing sarira dalem,awit punika gusti dalem! Kawula aturi nyembah wonten ing ngarsanipun.

13. Putri ing Tirus marak mbekta pisungsung;para tiyang sugih ing antawisipun rakyat sami sowan badhe ngasih-asih dhumateng panjenengan dalem.

14. Putrine Sang Prabu iku dadi kaendahan ana ing njero,busanane sinulaman benang mas.

15. Anggone kasowanake marang ngarsane Sang Prabu ngagem busana sulaman manca warna,kadherekake dening para kenya mitrane,yaiku para kang padha katimbalan kagem panjenengane.

16. Iku padha kasowanake kalawan suka-suka lan asurak-surak,padha lumebu ing kadhatone Sang Prabu.

17. Para putra dalem prayoginipun sami nggentosana para leluhur dalem,tuwin sami panjenengan dalem wisudha dados pangageng wonten ing salumahing bumi.

maca bab lengkap Jabur 45