Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 45:3-8 Kitab Sutji (JAV)

3. Panjenengan dalem punika ingkang bagus piyambak wonten ing antawising sakathahing para anakipun manungsa,lathi dalem kesokan ing kamirahan, pramila panjenengan dalem sampun dipun berkahidening Gusti Allah ing salami-laminipun.

4. Dhuh Sang Prawira, pedhang dalem panjenengan dalem sengkelit,ing salebeting kaluhuran saha kamulyan dalem!

5. Ing salebeting kamulyan dalem punika kawula aturi majeng dhemi kaleresan,peri kamanungsan saha kaadilan! Asta dalem tengen supados ngunjukna piwulang dhumateng panjenengan dalem bab pandamel ingkang ngedab-edabi!

6. Jemparing dalem sami landhep-landhep nembus manahipun para mengsahipun Sang Prabu,para bangsa sami sumungkem ing ngandhapipun sampeyan dalem.

7. Dhampar punika kagunganipun Gusti Allah, kangge ing salajengipun saha salaminipun,jungkatipun kaprabon dalem punika jungkating kaleresan.

8. Panjenengan dalem resep dhateng kaadilan saha gething dhateng duraka;mila Gusti Allah, Allah paduka sampun njebadi panjenengan dalem kalayan lisah minangka tandhaning kabingahan nglangkungi para mitra golongan dalem.

maca bab lengkap Jabur 45