Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 45:15-18 Kitab Sutji (JAV)

15. Anggone kasowanake marang ngarsane Sang Prabu ngagem busana sulaman manca warna,kadherekake dening para kenya mitrane,yaiku para kang padha katimbalan kagem panjenengane.

16. Iku padha kasowanake kalawan suka-suka lan asurak-surak,padha lumebu ing kadhatone Sang Prabu.

17. Para putra dalem prayoginipun sami nggentosana para leluhur dalem,tuwin sami panjenengan dalem wisudha dados pangageng wonten ing salumahing bumi.

18. Kawula sami badhe nyuwuraken asma dalem ngantos turun-tumurun,mila sakathahipun bangsa sami badhe memuji dhumateng panjenengan dalem ing salajengipun saha ing salaminipun.

maca bab lengkap Jabur 45