Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 45:1-5 Kitab Sutji (JAV)

1. Kanggo lurah pasindhen. Miturut lagu: Kembang bakung. Saka bani Korakh. Kidung piwulang: kidung katresnan.

2. Atiku ngluberake tembung kang ngresepake,aku arep ngunjukake kekidunganku marang Sang Prabu;ilatku iku dadi pene juru-tulis kang wasis.

3. Panjenengan dalem punika ingkang bagus piyambak wonten ing antawising sakathahing para anakipun manungsa,lathi dalem kesokan ing kamirahan, pramila panjenengan dalem sampun dipun berkahidening Gusti Allah ing salami-laminipun.

4. Dhuh Sang Prawira, pedhang dalem panjenengan dalem sengkelit,ing salebeting kaluhuran saha kamulyan dalem!

5. Ing salebeting kamulyan dalem punika kawula aturi majeng dhemi kaleresan,peri kamanungsan saha kaadilan! Asta dalem tengen supados ngunjukna piwulang dhumateng panjenengan dalem bab pandamel ingkang ngedab-edabi!

maca bab lengkap Jabur 45