Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 42:1-12 Kitab Sutji (JAV)

1. Kanggo lurah pasindhen. Kidung piwulang anggitane bani Korakh.

2. Kados pangorongipun sangsam dhateng toyaning lepen,inggih makaten kangening nyawa kawula dhumateng Paduka, dhuh Allah.

3. Nyawaku ngorong marang Allah,marang Allah kang gesang,besuk kapan anggonku diparengakesowan ndeleng Gusti Allah?

4. Luhku kang dakpanganrina lan wengiawit sadina muput aku dicalathoni ing wong mangkene:“Allahmu ana ing ngendi?”

5. Iki bakal dakeling-eling,sajrone nyawaku sedhih lan lesu:sarehne wonge akeh bangetkapriye bisaku majundhisiki wong-wong iku menyang ing padalemaning Allahkalawan surak-surak lan ngrepekake kidung panuwun,ana ing karameaning wong-wong kang padha nganakake pahargyan.

6. Dhuh nyawaku, yagene kok tumungkul,lan ngolang-ngaling ana ing jeroku?Ngarep-arepa marang Allah,awit Panjenengane bakal dakpuji, Panjenengane kang dadi Pitulunganku lan Allahku!

7. Nyawa kawula tumungkul wonten ing nglebet kawula,mila kawula lajeng kengetan dhumateng Paduka,saking ing pasitening benawi Yarden lan ing pareden Hermon,saking ing redi Mizar.

8. Samodra agung nguwuh-uwuh dhateng sami samodra agung,sareng kaliyan kumrasaking grojogan Paduka;kawula karoban ing sakathahing ombak saha alun Paduka.

9. Ing wayah rina Pangeran Yehuwah ndhawuhake sih-kadarman,sarta ing wayah bengi aku ngrepekake kekidungan,pandonga marang Gusti Allahing uripku.

10. Unjukku marang Allah peparangku mangkene:“Punapaa dene Paduka boten ngengeti kawula?Punapaa dene kawula kedah gesang kalayan mangangge bagormargi saking panganiayanipun satru?”

11. Tiyang ingkang nenacad kawula punika,kados nuwek-nuweka balung kawula,sadinten muput tansah wicanten dhateng kawula makaten:“Allahmu ana ing ngendi?”

12. Dhuh nyawaku, yagene kok tumungkul?Yagene kok ngolang-ngaling ana ing jeroku?Ngarep-arepa marang Gusti Allah! Awit Panjenengane dakpuji maneh,Panjenengane kang dadi Pitulunganku lan Allahku!

maca bab lengkap Jabur 42