Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 41:1-9 Kitab Sutji (JAV)

1. Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane Prabu Dawud.

2. Rahayu wong kang nggatekake marang wong kang ringkih!Wong iku bakal dipitulungi Sang Yehuwah ing wektu nandhang sangsara.

3. Pangeran Yehuwah bakal ngayomi lan ngopeni nyawane,temah kasebut wong begja ana ing bumi;Paduka boten badhe marengaken piyambakipun dipun angge dolanan dening mengsahipun!

4. Manawa kecandhak ing lelara, dibiyantu dening Sang Yehuwah ana ing paturone,Paduka sarasaken babar pisan sesakitipun wonten ing patilemanipun.

5. Mungguh aku, aturku mangkene: “Dhuh Yehuwah kawula mugi Paduka welasi,kawula mugi Paduka sarasaken, amargi anggen kawula damel dosa punika dhumateng Paduka.”

6. Satruku padha nyatur aku ala:“Besuk kapan matine wong iku, sarta sirnane jenenge?”

7. Wong kang tilik aku, rembuge goroh:atine kebak piala,bareng metu iku diwartak-wartakake.

8. Sakehing wong kang sengit marang aku padha bisik-bisik bab aku,padha ngrantam piala marang aku:

9. “Wong iku wis kecandhak ing lelara kang mbebayani,anggone ngleleh ora bakal bisa tangi maneh.”

maca bab lengkap Jabur 41