Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 40:8-18 Kitab Sutji (JAV)

8. Kula lajeng munjuk: “Lah punika kawula sowan;ing gulunganing kitab sampun wonten seratipun ingkang magepokan kaliyan kawula;

9. dhuh Allah kawula, kawula remen nglampahi karsa Paduka;sarta angger-angger Paduka wonten ing batos kawula.”

10. Kawula martosaken kaleresanwonten ing pasamuwanipun tiyang kathah;malah kawula boten mekak lambe kawula,dhuh Yehuwah, Paduka ingkang ugi mirsa.

11. Kaadilan boten kawula sidhem wonten ing manah kawula,kasetyan Paduka saha kawilujengan ingkang saking Paduka kawula rembag,katresnan saha kaleresan Paduka boten kawula sidhemwonten ing pasamuwanipun tiyang kathah.

12. Dhuh Yehuwah, Paduka mugi sampun ngantos mekak sih-kadarman Paduka saking kawula,kawula mugi tansah kareksaa ing katresnan saha kaleresan Paduka!

13. Amargi bebaya ngepang kawulangantos boten kenging kaetang kathahipun.Kawula sampun ketututan ing duraka kawula,ngantos kawula boten tahan ningali;cacahipun nglangkungi cacahipun rambutipun sirah kawula,temah manah kawula pasrah.

14. Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa ngluwari kawula;dhuh Yehuwah, mugi enggal karsaa paring pitulungan dhumateng kawula!

15. Sadaya tiyang ingkang ngangkah dhateng nyawa kawula,mugi sami nandhanga wirang tuwin isin;ingkang ngudi bilai kawula,mugi sami mundur sarta nandhanga wirang!

16. Tiyang ingkang mungel: “Sokur, sokur!” dhateng kawula,punika mugi kabungkema cangkemipun margi wirang.

17. Tiyang ingkang ngupadosi Paduka,mugi sami bingah-bingah sarta suka-suka margi saking Paduka;ingkang remen dhateng kawilujengan ingkang saking Paduka,tetepa ngucap makaten: “Pangeran Yehuwah, linuhurna!”

18. Kawula punika sangsara lan mlarat,nanging Pangeran nggalih dhateng kawula,Paduka ingkang mitulungi tuwin ngluwari kawula,dhuh Allah kawula, mugi sampun ngantos rendhet!

maca bab lengkap Jabur 40